Konco Musiman - NDX A.K.A.

Konco Musiman

NDX A.K.A.

00:00

03:42

Similar recommendations

Lyric

Pas jaman kowe susah

Aku ning sandingmu

Pas jaman kowe mulyo

Kowe malah lungo

Opo iki rasane aku salah kekancan?

Nduwe konco musiman

Susah-seneng tak kancani, tibo-tangi tak tulungi

Mbiyen takone posisi, saiki kowe neng ngendi?

Dumeh sugih terus lungo, lali karo konco-konco

Aku ono pas rekoso, kowe lungo pas wis mulyo

Rokok entek yo cupitan, madang angkring yo kembulan

Pendak dino ngalor-ngidul, bingung nggolekke utangan

Saiki uripmu penak, lali karo konco cerak

Lagi sugih anyaran, polahmu uwis macak sengak

Ning ngarep macak apik

Ning mburi koyo kirik

Ra mikir sedulure

Ra mikir kekancane

Pas jaman kowe susah

Aku ning sandingmu

Pas jaman kowe mulyo

Kowe malah lungo

Opo iki rasane aku salah kekancan?

Nduwe konco musiman

Saiki kowe nglungani, rugi aku le nulungi

Rugi aku le ngancani, balesanmu koyo tai

Ibarate, kowe kere, saiki wis munggah bale

Konco susah, perjuangane saiki dilalekke

Kelingan ra pas atimu dilarani dadi cidro

Kowe sambat ro sopo? Nek udu karo konco-konco

Wis pedot tekan semene kekancane, sedulure

Aku ora butuh konco model asu koyo kowe

Ning ngarep macak apik

Ning mburi koyo kirik

Ra mikir sedulure

Ra mikir kekancane

Pas jaman kowe susah

Aku ning sandingmu

Pas jaman kowe mulyo

Kowe malah lungo

Opo iki rasane aku salah kekancan?

Nduwe konco musiman

Pas jaman kowe susah

Aku ning sandingmu

Pas jaman kowe mulyo

Kowe malah lungo

Opo iki rasane aku salah kekancan?

Nduwe konco musiman

- It's already the end -